Senin (15/5/23) Kapanewon Tempel menggelar upacara memperingati HUT Sleman ke-107 di Lapangan Lumbungrejo dengan menggunakan pakaian adat Jawa Yogyakarta. Upacara dimulai dengan iringan gending jawa yang menandakan peserta upacara untuk mulai memasuki area upacara. Urutan kirab dimulai dari Pamong 8 Kalurahan se-Kapanewon Tempel yang start dari Balai Kalurahan Lumbungrejo diikuti dengan kirab ASN yang terdiri dari Karyawan karyawati Kapanewon Tempel, KUA Tempel, Korwil Yandik Tempel serta Kepala SD dan SMP se-Kapanewon Tempel.
Dalam upacara kali ini Polsek Tempel sebagai inspektur upacara kemudian Panewu Tempel sebagai pembina upacara. Panewu Tempel membacakan amanat dari Bupati Sleman kepada seluruh peserta upacara dengan bahasa jawa. Kemudian peserta upacara meninggalkan area upacara dengan kirab yang diiringi gending jawa menandakan upacara telah selesai dilaksanakan.
Berikut isi pidato Bupati Sleman yang disampaikan Panewu Tempel pada upacara kali ini:
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam sejahtera,
Om Swastyastu,
Namo Buddhaya,
Salam kebajikan,
Rahayu.
Ingkang kinurmatan,
Para punggawa praja Kabupaten Sleman,
Sagung para tamu saha pendherek upacara
ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Maha Welas Asih, ingkang tansah
hambabar kawilujengan, katentreman lan kabagaswarasan.
Wusana ndayani kula lan panjenengan
sedaya, supados saged ndherek upacara pengetan
satus pitu ridumadosipun Kabupaten Sleman.
Pengetan kaping satus pitu ridumadosipun
Kabupaten Sleman menika, dados srana ingkang
mligi kanggenipun para punggawa praja lan sedaya
warga Kabupaten Sleman, supados tansah emut
lan ningali, mapinten-pinten olah kridhaning
pakaryan ingkang sampun saged kawujudaken.
Mekaten ugi, pengetan menika adadosaken
srana kangge nuwuhaken greget tumrap kula
panjenengan sedaya, supados golong gilig
nglajengaken kridhaning pembangunan ing
Kabupaten Sleman.
Para kadang ingkang kula tresnani,
Pengetan kaping satus pitu ridumadosipun
Kabupaten Sleman menika dados wekdal ingkang
sae kangge nglelimbang sedaya program
pembangunan ingkang sampun katindakaken.
Pengetan menika ugi dados daya kangge
ngagengaken greget nyawiji sedaya pangembating
praja lan masyarakat ing saklebetipun nindakaken
kridhanipun pembangunan ing Kabupaten Sleman.
Greget menika jumbuh kaliyan irah-irahan
pengetan kaping satus pitu ridumadosipun
Kabupaten Sleman, inggih menika Nyawiji lan
Murakabi, Sesarengan Mbangun Sleman.
Nyawiji minangka tekat genturing ati, lathi lan pakarti.
Nyawiji mboten namun slogan, ananging kedah
dipun wujudaken ing saklebetipun ngayahi jejibahan
lan kridhanipun pembangunan, mliginipun kangge
mujudaken Kabupaten Sleman ingkang gemah
ripah, loh jinawi, tata, tentrem karta raharja.
Kanthi greget nyawiji menika dipun ajab
sedaya punggawa Pemerintah Kabupaten Sleman
saged sesarengan guyub rukun, golong gilig,
gotong royong nindakaken pembangunan ingkang
murakabi kangge sedaya warga masyarakat.
Wonten ing kalodhangan ingkang prayogi
menika kulo nyuwun dhumateng para
punggawaning praja saha sedaya warga
masyarakat, supados gumregah memangun
Sleman saengga saged langkung sae malih.
Menapa malih, kridha amemangun Sleman menika
dipun tindakaken lan kapisungsungaken kangge
sedaya masyarakat Sleman.
Mekaten ingkang saged kulo aturaken,
sepisan malih kula ngemutaken supados tansah
greget nyawiji lan murakabi, Sesarengan Mbangun
Sleman.
Ing wasana mugi Gusti ingkang murbeng
dumadi tansah paring ayom, ayem, tata tentrem.
Matur Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Om Shanti Shanti Shanti om,
Namo Buddhaya, Rahayu.
Sleman, 15 Mei 2023
Bupati Sleman
KUSTINI SRI PURNOMO